BERITATREN – Berikut merupakan khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa 1443 Hijriyah yang bisa kamu gunakan, simak selengkapnya disini.
Kamu bisa menggunakan teks khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa 1443 Hijriyah ini disaat yang tepat nanti.
Adanya khutbah Idul Adha 2022 Bahasa Jawa 1443 Hijriyah ini untuk membantu kamu yang sedang membutuhkannya.
Baca Juga: Nama Asli Ainz Ooal Gown di Dunia Nyata, Fakta Overlord
Dilansir BeritaTren.com dari laman resmi insuri Ponorogo, inilah contoh teks khutbah Idul Adha 2022 yang disusun oleh KH. Moh Muhsin.
Jamaah sholat Idul Adha, rohimakumulloh
Sumonggo kito tansah nggatosaken babagan ketaqwaan kito wonten ngarsanipun Allah, taqwalloh.
Sumangga kito soyo, tambah yuswo, monggo tansah tambah-matambah anggen kito depe-depe wonten ngarsanipun Allah.
Nindakaken dhawuh-dhawuh ipun lan nebihi sedaya kemaksiatan lan awisanipun.
Dawuhipun Allah SWT :
“He wong-wong kang podo iman, podo taqwao siro kabeh ono ngersane Alloh kelawan sakbener-benere taqwa; lan ojo pisan-pisan siro tinggal dunyo, kejobo siro podo Islam-islam kabeh”.
Sumangga ing manah kito tansah nglenggana bilih kito menika titahipun Allah, hambanipun Allah SWT. kadhawuhan supados tansah ngibadah wonten ngarsanipun Allah.
“Lan ingsun Allah ora nitahke Jin lan Menungsa kejaba supaya pada ngibadah marang ingsun Allah.”
Baca Juga: Mare Bello Fiore Overlord, Laki-Laki atau Perempuan?
Jamaah sholat Idul Adha, rohimakumulloh
Wonten ing tanggal 9 Dzulhijjah kala wingi, kito sami-sami nindakaken amalan sunnah, shiyam Arofah, ingkang saestu ageng sanget ganjaranipun kados katerangan hadist:
“Hadits riwayat saking Abi Qotadah, Rosululloh SAW dipun suwuni pirso ngingingi poso wonteng ing dinten Arofah, dhawuhipun: iku bisa mbusek dosa kang wus kalakon ing setahun kepungkur lan ing setahun kang bakal tumeka”. (Hadits Riwayat Imam Muslim).
Saklajengipun tanggal 10 Dzulhijjah injing menika kito sami kempal manunggal saperlu taqorrub dumateng Allah, kanthi ngathah2 aken takbir, tahlil, tahmid, tasbih lan nindakaken sholat id.
Soho kalajengaken ibadah Kurban inggih mragat menda utawi lembu, kanthi niyat ngibadah dateng ngarsanipun Allah SWT.
Baca Juga: Link Twibbon Bingkai Foto Idul Adha 2022 1443 Hijriyah Terbaru dan Aesthetic, Cari Disini Lengkap!
Allohu Akbar.
Allohu Akbar.
Allohu Akbar.
Kurban ingkang kito tindakaken menika, nuladha dhateng Nabi Ibrahim AS, nalika dipun uji imananipun dening Allah SWT. Rikala semanten, Nabi Ibrahim kadhawuhan supados ngurbanaken utawi nyembelih putra kinasihipun ingkang asma Ismail AS.
Nabi Ibrahim AS saestu nindakaken ujian menika kanthi ikhlas lan tawakal, pitados bilih Allah SWT, mboten badhe dzalim dumateng kawulanipun ingkang taat. Kados dipun gambaraken wonten ing kitab suci al-Quran, surat, As-Shoffat : 102
“Hai anakku (Isma’il), saktemene Aku weruh ono ing sak jerone impen yen Aku (kadhawuhan) nyembelih sliramu. Mula kepiye mungguh penemumu?” Ismail njawab: “duh bapa, katindakna menapa ingkang dados dawuhipun Allah dumateng panjenengan. Insya Allah panjenengan bade manggihi kula ing golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar”. (Q.S. As-Shoffat : 102).
Allohu Akbar.
Allohu Akbar Walilahilhamd
Nalika Ismail sampun pasrah lan Nabi Ibrahim enggal bade nindakaken nyembelih kang putra. Subhanalloh.
Saknalika Malaikat Jibril rawuh kanti ngasto menda ingkang ageng, minangka gantosipun, lan paring dhawuh, bilih Nabi Ibrahim sampun lulus angenipun ninda’aken dhawuh saking Allah SWT.
Jamaah sholat Idul Adha, rohimakumulloh
Wonten ing zaman Rosululloh Muhammad SAW dhawuh ngelksanakaken Kurban kaemot wonten ing al-Quran.
Baca Juga: Aura Bella Fiora Overlord, Laki-Laki atau Perempuan?
“Sak temene wis ingsun paringke marang sirokabeh nikmat sing akeh, mulo podo tindakno sholat krana robb-mu lan tindakna Kurban.”
Cetho sanget, bilih dhawuh al-Qur’an ing nginggil, mrentahaken supados ngalmaphi ibadah Kurban, sak lintunipun ibadah shalat.
Kurban ingkang kito tindakaken minangka bukti ketaaatan kito dateng ngarsanipun Gusti Allah SWT. Minangka tondho keimanan lan ketaqwaan kito.
Dhawuh Al-Qur’an Surah Al Hajj ayat 37:
“Ora arep teko ing ngarsane Allah, daging lan getihe Kurban. Ananging kang teko ing ngarsane Allah, yaiku ketaqwaan nira kabeh.” (Q.S. Al-Hajj : 37)
Baca Juga: Apakah Albedo akan Berkhianat?, Fakta Overlord
Ibadah Kurban miturut jumhur ulama hukumipun sunnah muakkadah. Anamung para sederek ingkang mampu ampun ngantos owel nindakaken.
Jalaran Rosulullah SAW sampun wasiat wonten ing setunggaling hadits riwayat Abu Hurairah :
“Riwayat Abu Hurairah RA, yektosipun Rasululloh sampun dhawuh: Singsapa wonge nduweni kemampuan, ananging dheweke ora gelem nindakke Kurban, mangka aja cedhak-cedhak papan sholatku,”(HR. Ibnu Majah).
Allahu Akbar.
Allahu Akbar.
Allohu Akbar
Kathah werni dan rupi ibadah ingkang kadhawuhaken dhateng kito, kados : Sholat, Poso, Zakat lan Shodakoh.
Nanging ing tanggal 10, 11, 12 lan 13 Zul Hijjah meniko kito dipun perintahaken ngelampahi ibadah Kurban ingkang arupi nyembelih hewan.
Baca Juga: Waspada! Ini Dia 8 Kebiasaan yang Bisa Jadi Penyebab Matinya Produktivitas
Meniko sedoyo ngemu suraos, bilih kito kedah nyembelih lan ngicali sifat-sifat hewani, ingkang wonten ing manah kito sami.
Hewan menika gesangipun mboten mawi tuntunan lan namung cekap gesang ing ngalam dunyo, boten natos mikir wontenipun pagesangan akhirat.
Sak wangsulipun pagesangan kito kedah mawi tuntunan lan tatanan, lan tujuan kito boten kandek gesang ing dunyo, nanging ngantos pagesangan akhirat.
Allah suka pemut bilih salah setunggaling ciri tiyang ingkang mbenjang badhe dados penghuni neraka jahanam, injih menika tiang ingkang manah, mripati lan kupingipun kados dene gadhahani hewan.
Baca Juga: Daya Tarik Wisata Pulau Komodo yang Tiada Duanya di Dunia, Wajib Masuk Daftar Traveling!
Mboten dipun ginakaken kangge nampi pepiling ayat-ayatipun Allah.
“Lan saktemene bakal ingsun dadekake isining neraka jahanam, akkehe saka jin lan manungsa kang nduweni ati, ananging ora kanggo mahami, kang nduweni mripat ananging ora kanggo ndeleng, lan nduweni talingan ananging ora kanggo ngrungokake.
Wong-wong iku mau kaya kewan ternak, kepara luwih asor maneh. Dhewekke klebu wong-wong sing pada lali”
Hewan meniko gesangipun boten mawi aturan, namung buru karepe hawa napsu lan kiyatipun tenogo. Gesangipun hewan namung kangge dinten meniko. Menawi sampun cekap kabetahan pakan, komboran lan birahinipun, nggih sampun rumaos remen lan cekap gesangipun.
Ananging manungsa,kedahipun mboten mekaten. Manungso mboten cekap namung nuruti betahipun kadunyan kemawon, nanging ugi kedah pados sangunipun pagesangan akhirat.
Kados dhawuhipun Allah :
Baca Juga: BREAKING NEWS: Mantan PM Jepang Shinzo Abe Meninggal Dunia Usai Ditembak Orang Tak Dikenal
“Lan padha golekana apa-apa kang den angugrahke Allah marang sira (kabegjan) ing desane akherat lan aja nglalekake bageanmu saka perkoro ndonya. Lan gaweo becik siro koyo dene Allah wus gawe apik marang siro. Lan ojo gawe karusakan ono ing duwur bumi, sak temene Allah ora demen marang wongkang podo gawe karusakan.”
Pramila sumangga kito sampun ngantos gesang, kados dene hewan ingkang namung ngladeni karepe nafsu lan namung mbujung kabetahan ndonya, nglirwakaken kabetahan akhirat.
Ngibadah wegah, sholat ora kuwat, pasa ora kuwoso, sehat kangge maksiat, duwe bandha kangge nguja hawa nafsu, kadonyan.
Saat meniko wancinipun kito berbagi lan saling tolong menolong. Mugi kito tansah kaparingan kekiyatan, hidayah, taufiq lan ma’unah.
Saget ngathah-ngathahaken pengibadahan nilar sedaya kemaksiatan ing sahingga kito saget kagolongaken ewonipun kawulo ingkang kaparingan kawilujengan ing dunyo ngantos ing akhirat. Amin ya robbbal ‘alamin.
Itulah naskah khutbah Idul Adha dalam Bahasa Jawa singkat dan menyentuh hati tentang kurban dan sifat hewani manusia.
Untuk teks lengkap beserta mukodimah bisa KLIK DISINI bisa dicetak langsung. Semoga bermanfaat.***